Selasa, 20 Mei 2008

Sekatenan / Grebeg

Pengertosan Grebeg
Grebeg inggih menika upacara adat keraton Yogyakarta ingkang dipunselenggaraken kaping tiga amben tahun kangge mengeti dinten ageng islam. Grebeg menika dipunlaksanaaken ing tanggal 12 Maulud ingkang salah satunggaling tanggal miyosipun Nabi Muhammad SAW, upacara menika dipunlaksanaken saben upacara grebeg mulud. Menawi istilah ingkang sanesipun grebeg menika asalipun saking basa Jawi “grebeg” ingkang artosipun “dipun arak para penderekipun” sebabipun lampahanipun sultan saking njawi istana menika kedah dipun arak dhateng tiyang kathah saingga dipunsebat grebeg. Upacara grebeg menika dipunlaksanaken dhateng keraton kanthi ageng-agengan lan tujuanipun kangge mengeti dinten miyosipun Nabi Muhammad SAW.
Sejarah grebeg
Ing jaman riyen grebeg menika fungsinipun kangge sarana dakwah para ulama utawi para wali penyebar agama islam. Grebeg menika asring dipunsebat sekatenan saingga saget narik perhatianpun masyarakat kangge nonton upacara grebegan menika. Ing puncak acaranipun dipunlaksanaken arakan gunungan ingkang isinipun saking gulungan menika kados bahan pangan lan who-wohan sarta ijo-ijoan ingkang hasilipun dipunbageaken dhateng masyarakat ingkang nonton upacara menika. Dugi sakmenika masyarakat Yogyakarta khususipun taksih pitados menawi barang-barang menika taksih nggadahi makna berkah utawi pengaruh kanggem masyarakat ingkang angsal gunungan
Saben mengeti upacara grebeg menika, Sri Sultan wajib maringi sedekah wujudipun gunung-gunungan ingkang isinipun panganan ingkang dipunparingaken dhateng masyarakat. Gunungan menika isinipun dipunjangkepi kados panganan ingkang dipundamel saking ketan tigan ayam, woh-wohan, janganan ijo-ijoan ingkang sedayanipun dipunwujudaken kados gunungan (tumpeng ageng) saingga dipunwastani GUNUNGAN. Upacara kados menika dpunlampahi kalian upacara penembahan dhumateng Gusti ingkang Maha Kuaos dhateng Sri Sultan piyambak ing sitihinggil lor dipunlampahi waosan doa dhateng kyai pengulu kangge kesejahteraan lan kaemakmuran rakyat, keagungan agama lan kebahagiaan sarta keselamatan keraton ing khususipun.
Prosesinipun Upacara Grebeg
Upcara Grebeg menika dipunawali saking palataran kamandungan lor (keben) dikawal para prujurit keraton, gunungan ingkang wonten ing bangsal ponconiti dipunbeta kalian abdi dalem dhateng alun-alun lor, medal palataran sitihinggil lor lan bangsal pagelaran. Ponconiti piambak, asalipun saking kata : ponco ingkang artosipun lima, simbol saking ponco indra kita. Niti ingkang artosipun neliti, nyelidiki, lan meriksa. Ing mriki Sri sultan mulai neliti panca indranipun, nyatuaken pikiranipun, kangge sujud dhateng Gusti ingkang Maha Kuaos, kagem njunjung tinggi perintahanipun. Mila sebabipun kiwa tengenipun gunungan menika asalipun saking ponconiti ingkang dipuntanemi wit-witan tanjung. Palataran ing ngajengipun dipunwastani :”kamandungan “ mandung ingkang nggadhi artos ngumpulaken. Tanaman ingkang dipuntingali ing sisih lor palataran inggih menika wit kepel lan cengkir gading.
Kepel utawi kempel artosipun dados padat utawi beku. Cengkir gading menika warnanipun jene. Warna jene inggih menika symbol saking sedaya ingkang nggadhi makna ketuhanan. Dados sedaya ingkang nggadahi makna“ kumpulaken lan padataken tuan gadhah panca indranipun lan fikiran, sebab tuan badhe sujud dihadapannipun Gusti ingka Maha Kuaos “ medal Regol Srajanala, Sri Sultan minggah tangga atep lan ngajengipun ketingal wonten salahsatunggaling tembok saking watu ingkang dipunwastani“ renteng mentog baturana “.
Prosesipun
Sedayanipun nggadahi artos“ mboten usah tuan kuwatos utawi sangsi, kangge ndadosaken alat Gusti ingkang Maha Kuaos supados kangge nglampahaken hukum negara ingkang adil. Sri Sultan minggah ing undhak-undhakan mbelok ing arah tengen, jelas ing ngajengipun inggih menika wit jambu tamplok arum, menika nggadahi makna: “menawi ngendikan ingkang wangi-wangi, menawi ngendikan ingkang bijaksana, supados namanipun tuhan menika harum ing ngalam donya”. Sakniki Sri Sultan sampun wonten ing sitihinggil, ing sisih kiwa panjenenganipun, Sri Sultan wit-witan kemuning, dipuntanem jejer sekawan ing sisih kidul selatan Bangsal Witono, maknanipun “ heningaken panjenengan dhateng pikiran tuan”. Lajeng baginda minggah ing Bangsal Witono. Witono asalipun saking basa Kawi, ingkang artosipun papan palenggahan ing surga. Ing basa perketaan : wiwitan, artinya mulailah. Dados Bangsal Winoto ingih menika papan pusaka ing upacara Grebeg. Lajeng wonten ing tebing lantai sisih kulon tepatipun Condro Sengkolo, ingkang isinipun : “Tinata Piranting Madya Witono” utawi taun 1855 (jawa ) lan sisih wetan “Linungit Kembar Gautraning Ton ” utawi taun 1926 ( masehi ), mila saklajengipun Sri Sultan Hamengku Buwana VIII dipunmulyaaken.

Saderengipun Sri Sultan lenggah ing singgasana, singgasana menika sampun ditata saderengipun ing Bangsal Manguntur Tangkil dhateng kalih tiyang dua abdi dalem kraton ingkang namanipun berlawanan Wignya lan Derma. Saben pegawai kraton ingkang sampun dilantik, lajeng angsal nama anyar saking kraton miturut golongan lan jabatananipun. Misal kemawon Wignyasekarta, Wignyamanggala utawi Darmosemono, Darmokalpito lan sakpanunggalane. Awalipun wignya nunjukaken jabatan tukang mbeta “ampilan” Sri Sultan, anatwisipun tombak, pedang, dan lain-lain, menawi awalipun Derma nunjukaken jabatan purnanipun ukir-ukiran. Menika nggadahi pangertosan: “Hendaknya Tuan Wignya (pinter, saget, mampu) lenggah ing singgasana, wonten ing ngajeng dhateng rakyat tuan, mila tuan namung suderma (sekedar) makili Gusti ingkang Maha Kuaos”. Menika sebabipun Sri Sultan nggadahi gelar: Abdurrachman Sayidin Panatagama Kalifatullah.

Tidak ada komentar: